IPS

Pertanyaan

Arti syair lagu gundul gundul pacul

1 Jawaban

  • Mata pelajaran: bahasa Jawa/ bahasa daerah   

    Kelas: 8 SMP

    Kategori: tembang

    Kata kunci: makna tembang, gundul pacul

    Kode kategori berdasarkan kurikulum KTSP: -

    Jawaban:

    Syair Gundul-gundul pacul:

     

    Tembang gundul-gundul pacul iku asale saka tlatah Jawa lan kaanggit tahun 1400an dening Sunan Kalijaga. Tembang Gundul-gundul pacul sejatine nyurasa sindiran kanggo penguasa. Ing ngisor iki makna tembung- tembung ing tembang gundul-gundul pacul.

    - gundul dimaknani penguasa kang dianugrahi mahkota kepenguasaan, pacul dimaknani kawulo rendah. Gundul pacul artine penguasa iku sayogyane ngupakara rakyate, kalebu kawulone sing rendah.

    - G artine ora tanggung jawab, sak kepenake dhewe.

    - nyunggi wakul dimaknani penguasa kudu njunjung amanah saka rakyat lan ngupayakake kasantosan kanggo rakyate.

    - wakul nggelimpang dimaknani amanah saka rakyat kang ora diajeni

    - segane dadi sak latar dimaknani kabeh dadi muspra/ sia- sia/ ora manfaat.

     

    Dadi, sakabehe tembang gundul-gundul pacul bisa dimaknani:

    1. Penguasa iku sayogyane ngupakara rakyate, kalebu kawulone sing rendah. Ananging malah sak kepenake dhewe anggone nganggo kekuasaane.

    2. Penguasa iku sayogyane njunjung amanah saka rakyat lan ngupayakake kasantosan kanggo rakyate. Ananging malah sak kepenake dhewe lan namung mikir kepentingane dhewe.

    3. Akhire, sing mengkono iku sing marakke kabeh dadi muspra/ ora manfaat kanggo rakyate.

     

    NB: mohon maaf, dalam syair gundul-gundul pacul, gem********* dianggap sebagai umpatan oleh server brainly. Sehingga pada jawaban ini, tidak diucapkan kata tersebut. Harapannya pembaca tetap memahami makna dari syair gundul-gundul pacul, yang intinya adalah sindiran untuk pemimpin yang tidak amanah.

     

Pertanyaan Lainnya