B. Daerah

Pertanyaan

contoh pawarta tentang banjir lan kebakaran omah!

1 Jawaban

  • BANJIR TEKA MANEH
    Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah-tengahing April, dibarengi karo pawarta-pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, angin lesus, lemah longsor, lan liya-liyane. Yen wis ngono, kabeh jinis informasi elektronik apadene medhia cetak kang sumebar ing masarakat, kayata radhio, tivi, internet, koran, lan sapanunggalane dikebaki dening pawarta banjir. Wiwit tangi turu nganti arep mapan turu maneh, pawarta banjir ora ana kendhate ngrenggani acara-acara ing medhia kasebut. Durung suwe ing wiwitaning sasi Januari kepungkur, banjir bandhang wis dumadi ing tlatah Jember Jawa Timur lan Wonosobo. Sawise kuwi ganti-gumanti liya dhaerah keterak banjir.
    Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa. Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu dhaerah Jawa Barat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dhaerah Jawa Timur. Semono uga dhaerah pesisir Jawa Tengah, kalebu Semarang mangetan lan mangulon ora keri, melu kebanjiran. Malah miturut kabar saka medhia tivi lan surat kabar, ana tlatah kang keleban nganti suwene seminggu luwih, amarga ora asat-asat lan udan tetep grejih. Durung maneh, longsor lan banjir cilik-cilikan ing saben tlatah utawa kabupaten mesthi ana. Tundhone musibah saka banyu udan wis ora bisa diselaki maneh. Korban manungsa, raja kaya lan raja brana wis ora bisa kaetung maneh.
    Saka musibah banjir kasebut yen didelok, saben taune nuduhake ora saya suda nanging suwalike malah saya gedhe lan dhaerah sing kena banjir saya rata. Apa ateges iki sing diarani jaman karusakan (kalabendu)? Nalika jaman saya maju lan akeh wong winasis, suwalike alam saya bubrah lan rusak. Endi sing kudu disalahake, manungsane apa alame?
    Mangsa Akeh Butuhe
    Ing sasi-sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi-sasi sadurunge. Amarga ing sasi-sasi iki akeh warga masarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad. Sing wragad kanggo sekolah, kanggo tuku sandhangan sekolah, tuku buku lan tas sekolah, kanggo plesiran, nganti kabutuhan kanggo mapagake sasi Pasa. Kanthi akehe butuh kang kudu dirampungake, mesthi wae akeh dhuwit kang kudu dicekel kanggo mbayar sakabehing kabutuhan mau. Nalika akeh butuh kang kudu dirampungake, mesthine rega-rega barang terus melu mundhak. Pancen bener, salah sijine conto, rega mlebu sekolahan, saben taune mesthi mundhak luwih saka 10%. Durung kabutuhan liyane, mesthi regane uga melu mundhak, kayata sandhangan, tas, sepatu, buku, lsp.
    Akeh wong butuh dhuwit kanggo mbayar sakabehing kabutuhan sekolah. Yen pas ora ana dhuwit, apa kang diduweni bisa wae didol utawa digadhekake. Yen wis ngono papan-papan pagadhean dikebaki dening pawongan sing padha nggadhekake duweke, kayata emas, pit montor, mobil, laptop, lan sapanunggalane. Kang pokok enggal cekel dhuwit kanggo mbayar sekolah. Amarga nglebokake sekolah ing jaman saiki larangane ora jamak, wiwit saka TK nganti tekan Pawiyatan Luhur (Perguruan Tinggi). Kamangka yen mbayar sekolah, utamane dhuwit gedhung apadene sragam lan buku ora kena disemayani, lan kudu dibayar kenceng aliyas kontan.
    Semono uga ngancik sasi Pasa utawa Ramadhan, mesthi rega-rega sembako bakal mundhak. Wis otomatis lan wis adat saben, saben taune. Yen rega-rega sembako padha mundhak, ateges anggone ngetokake dhuwit kanggo blanja tansaya akeh. Durung barang-barang lan jasa liyane kang magepokan karo Pasa lan Lebaran (Bada), mesthi ora kalah, kabeh melu mundhak. Mula saka kuwi, ing sasi-sasi iki memper yen diarani mangsa akeh butuh. Yen ora bisa ngendhaleni butuh, bener-bener bisa tombok.

Pertanyaan Lainnya